WANGSALAN DAN ARTINYA
Konten [Tampil]
Assalamua'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
PANGERTEN WANGSALAN
WANGSALAN yaiku Unen-Unen Kaya Cangkringan/bedhekan nanging wis disebutake batangane jawabane senajan Ora ceta
Tuladhane neng ngisor Iki:
( jenang gula : gulali = lali )
Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
( Sekar aren : dangu = dangu )
Njanur gunung, kadingaren
( Janur gunung : Aren = Kadingaren )
Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.
( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )
Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung
( Balung janur : Sada = usada )
Reca kayu, goleka kaweruh rahayu
( Reca kayu : Golekan = goleka )
Ngembang garut nggremeng ora karuwan
( kembang garut = gremeng = nggremeng )
Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
( kembang kacang : besengut = mbesengut )
Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.
( kembang jambu : karuk = kemaruk )
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
( Roning mlinjo : so = ngaso ).
Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.
( klapa mudha : degan = kalegan )
Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.
( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )
Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
( witing klapa : glugu = salugune )
Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja
( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )
Mbok aja nglemah bengkah
( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )
Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
( Gayung sumur : Timba = Kemba )
Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )
Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras
( godong garing : Klaras = nglaras )
Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
( Balung geni : Mawa = Menawa )
Balung pakel, aja seneng alok-alok
( Balung pakel : Pelok = alok – alok )
Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung
( Bayem arda : Lanteng = anteng )
Kuku gantung, sawangan kang adi luhung
( Kukus gantung : sawang = sawangan )
Durna putra, ngudiya basa utama
( Durna putra : aswatan = ngudiya )
Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya
( bibis tasik : undur – undur )
( Tasik manda winor tirta : Parem )
Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama
( Tapas aren : duk )
( Aren arab wijilira : Kurma )
Kancing gelung munggweng dadha, titenana!
( Kancing gelung : Peniti = Titenana )
Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
( mentil kacang : sungut = mrengut )
Mung pingin nggentha dara
( nggentha dara : sawangan = nyawang )
Kahananmu saiki, jan..mandan rawa
( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )
Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika
( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )
Baca Juga Aksara Swara.
1. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.
(babon kirik = asu, batangane nesu).
2. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula.
(Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)
3. Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !.
(Babal bunder =elo).
4. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu!
(Jangan gori = gudheg)
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara.
(bayem arda = lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
6. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.
(mina galak ing samodra =iwak cucut)
7. Petis manis, ngucapna tembung sing manis.
(petis manis = kecap)
8. Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.
(pandhan rawa = wlingi)
9. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !.
(pring dhempet = andha)
10. Dom jala, coba aku kandhanana !
(dom jala = coba)
11. Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur.
(bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )
12. Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana.
(sayengkaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)
13. Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.
(Ratune para jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )
demikian informasi yang bisa saya bagikan , semoga bermanfaat bagi kita semua, dan mohon maaf apabila terdapat kesalahan pada penulisan artikel ini.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sumber :
http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2008/10/wangsalan.html http://kidemangsodron78.wordpress.com/327-2/wangsalan/ http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com/2012/02/parikan-lan-wangsalan-komplit.html
DONASI VIA SAWERIA (OVO, GOPAY, Dana, Dsb)
Bantu berikan donasi seikhlasnya jika artikelnya dirasa bermanfaat. Donasi akan digunakan untuk memperpanjang domain, pengembangan blog, dan kebutuhan lainnya www.teknomaki.website. Terima kasih.
Posting Komentar untuk "WANGSALAN DAN ARTINYA"
terima kasih atas komentarnya.
Posting Komentar