Teks Singkat Atur Penganten (Bahasa Jawa)
Assalamu’alaikum Warahmatullahi
Wabarakatuh.
Hai sobat tekno , apakabar
kalian semua? Saya harap baik-baik saja ya…
Oh iya, pada kesempatan kali
ini saya akan memberitahukan teks singkat Atur penganten (Bahasa Jawa).
Ini contoh teksnya,
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Kawulo nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas*…(nama paraga panampi) ingkang
hangemban wajib luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih
sarira saking Bapa…(Ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu
bagya mulya. Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa…(nama
tiyang sepuhin panganten kakung) ingkang pidalem ing…(dedunung tiyang sepuhipun
panganten kakung).
Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga
langkung rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa
Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawillujengan,
satemah lampah kula hangirid panekaring putra penganten kakung manggih
rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.
Minangkan purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bpa…(nama
tiyang sepuhipun oenganten kakung) sakalihan, mugi katurna Bapa…(Nama ingkang
hamengku karsa/tiyang sepuhipun penganten putri) sakalihan garwa.
Samusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha
ngaturaken sekar cepaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas..(nama
penganten kakung), putra kakungipun Bapa…(nama tiyang sepuhipun penganten
kakung), saprelu netepi pasarujukaning pirembagan ing wekdal kawuri, bilih ing
dinten winaton, inggih ing dinten punika, pinanganten kakung, Anakmas..(nama
penganten kakung) badhe kapanggihaken miturut adat0widhi-widana ingkang sampun
lumampah ing ngriki kaliyan Nimas Rara…(nama penganten putri), putri putrinipun
Bapa…(Nama tiyang sepuhipun penganten putri) sakalihan. Ingkan punika, putra
penganten kakung kula aturaken panjenengan. Kajawi saking punika, minangka
tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana redana/amplop* tuwin ubarampe
sawatawis, mugi-mugi katampia kanthi suka renaming panggalih, sarta sageda nambahi
racketing pasadherekan anggenipun sami mangun bebesanan.
Salejengipun menggah badhe kaleksaning sedya, kula sapanggrubyuging
pinanganten kakung, tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi
Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi sedya-tama punika. Amiin.
Minangkan panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu katah
kalepatan tuwin kekuranganipun. Awit saking punika, kiranging subasita miwah
tumpah-suhing basa, kula nyuwun agungin pangaksama.
Wabillaahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Nah itu tadi contoh teks
singkat atur penganten , kalian bisa ubah sesuai keadaan.
Apabila terdapat kesalahan
dalam penulisan artikel ini , saya memohon maaf. Semoga bermanfaat.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi
Wabarakatuh.
Sumber referensi : 1. Pidato
Bahasa Jawa Singkat : Tuladha Pangandika Pasrah Penganten Kakung – Desa Sendang
(sendang-wonogiri.desa.id)
2. https://3.bp.blogspot.com/-zqDzPcPSY_U/WQIu9zXyCCI/AAAAAAAAAfE/_vtfjpdoDd430hG6iPHc0eD_3VZ5if4EgCLcB/w680/panampi%2Bpasrah.jpg
Posting Komentar untuk "Teks Singkat Atur Penganten (Bahasa Jawa)"
terima kasih atas komentarnya.
Posting Komentar